20 Gotrah-gotrahe bani Kehat, yaiku kekarene wong Lewi, saka ing antarane bani Kehat mau, iku pandumane kutha-kutha kang sarana kaundhi saka talere Efraim.
iki peputra Buki; iki peputra Uzi; iki peputra Zerahya;
Gotrah-gotrah liyane saka turune Rama Kehat, tampa kutha-kutha saka suku Efraim, minangka dhaerahe,
Kuthane tedhake Imam Harun, yaiku para imam, iku kabeh ana kutha telulas sapangonane.
Dene kekarene wong Kehat iku padha oleh kutha sepuluh sarana kaundhi saka taler Efraim, taler Dhan lan saka separone taler Manasye.