Kaya mangkono anggone bangsa Edom mbalela lan banjur uwal saka ing pangwasane Yehuda nganti ing saiki. Sawuse iku Libna uga mbalela, iya dhek jaman samana iku.
Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.
Anadene kutha kang padha kaparingake marang para bani Lewi iku kang nem dadia kutha pangungsen, supaya kenaa diungseni dening wong kang gawe pati. Saliyane iku sira menehana maneh kutha patang puluh loro.
Sawuse mangkono Senapati Yusak nglajengake pangluruge kadherekake dening wong Israel kabeh, saka ing kutha Makeda menyang ing Libna, banjur nempuh perang nglawan Libna.
Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.