Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 21:1 - Kitab Sutji

1 Para panggedhening kulawargane wong Lewi banjur padha sowan ing ngarsane Imam Eleazar lan ing ngarsane Senapati Yusak, bin Nun sarta marang ing ngarsane para kepalaning kulawargane taler-taler Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 21:1
9 Iomraidhean Croise  

Nepsune kenaa ing ipat-ipat, awitdene nepsune iku kebangeten, kenaa ing ipat-ipat brangasane, awitdene iku siya-siya. Padha arep dakpencar ana ing antarane bani Yakub lan daksebar ana ing antarane turune Israel.


Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin. Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, anake wadon bangsa Kanaan, iku gotrah-gotrahe Simeon.


Iya Rama Harun lan Nabi Musa iku kang padha kadhawuhan dening Pangeran Yehuwah: “Wong Israel iku padha iriden metu saka ing tanah Mesir miturut golongane.”


Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing tanah ngare ing Moab ing sapinggire bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho:


Mungguh kutha kang bakal sira wenehake saka duweke wong Israel iku taler kang akeh cacahe padha kajupuka akeh, kang sathithik, kajupuka sathithik. Siji-sijine taler anggone menehake kuthane menyang wong Lewi iku pinta-pinta miturut duweke.”


Iki kabeh kang ditampani wong Israel minangka tanah-pusakane ana ing tanah Kanaan, kang wus kaedumake marang wong Israel dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak bin Nun sarta para panggedhening kulawargane taler-talere,


Iku padha marak marang ing ngarsane Imam Eleazar lan marang ing ngarsane Senapati Yusak bin Nun sarta ing ngarsane para panggedhe, ature: “Sang Yehuwah sampun dhawuh dhateng Nabi Musa supados kula sami kaparingana tanah-pusaka wonten ing satengahing sanak-sadherek kula.” Mulane anake wadon Zelafehad mau banjur padha diparingi tanah-pusaka ana ing satengahe para sadulure bapakne, condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah.


Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan