YUSAK 20:9 - Kitab Sutji9 Yaiku kutha-kutha kang ditetepake kanggo wong Israel kabeh lan kanggo para wong neneka kang ana ing tengahe, supaya kenaa diungseni sok wonga kang gawe pati klawan ora ditemaha, aja nganti dipateni kang nedya njaluk supaya nyaur pati, sadurunge wong mau kaladekake marang ing parepataning pasamuwan. Faic an caibideil |
Dene wong iku banjur manggona ana ing kutha kono, nganti tumeka ing wayahe kaladekake marang ing parepataning pasamuwan supaya diadili, nganti tumeka ing sedane imam agung kang jumeneng ing nalika samana; sawuse mangkono kang gawe pati mau nuli kena mulih menyang ing kuthane lan menyang ing omahe, yaiku menyang ing kutha, nalika wong mau lumayu ngungsi.”