Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 20:8 - Kitab Sutji

8 Apadene ing sabrange bengawan Yarden, ing sawetane kutha Yerikho kang kapilih: Bezer ing ara-ara samun ing tanah warata ing pagunungan, saka taler Ruben; banjur Ramot, ing tanah Gilead, saka taler Gad; sarta Golan ing tanah Basan, saka taler Manasye.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 20:8
12 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu ing Israel nuli ngempalake para nabi, cacahe kira-kira ana patang atus, iku nuli padha didangu: “Apa ingsun kena mangkat perang nglawan Ramot-Gilead apa becik sunwurungake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak! Pangeran badhe ngulungaken ing astanipun Sang Prabu.”


Sang Prabu Ahazia iku tumut karo Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, nglurugi perang Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, ana ing Ramot-Gilead.


lan ana ing sabrange bengawan Yarden ing sacedhake Yerikho, ing sisih wetane bengawan Yarden, kang diwenehake saka suku Ruben: Bezer ing pasamunan dalah pangonan-pangonane, Yahas dalah pangonan-pangonane,


sarta saka suku Gad: Ramot ing Gilead dalah pangonan-pangonane, Mahanaim dalah pangonan-pangonane,


sakehe kutha ing tanah warata kang dhuwur, tlatahe Gilead sarta satanah Basan kabeh, tekan ing Salkha lan Edrei, kutha-kuthaning karajane Prabu Og ing Basan.


Kutha-kutha iku mau yaiku: Bezer ing pasamunan, ing tanah warata kang dhuwur, kanggo wong Ruben; Ramot ing Gilead kanggo wong Gad lan Golan ing tanah Basan kanggo wong Manasye.


Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.


Yaiku kutha-kutha kang ditetepake kanggo wong Israel kabeh lan kanggo para wong neneka kang ana ing tengahe, supaya kenaa diungseni sok wonga kang gawe pati klawan ora ditemaha, aja nganti dipateni kang nedya njaluk supaya nyaur pati, sadurunge wong mau kaladekake marang ing parepataning pasamuwan.


Bani Gerson, panunggalane gotrahe wong Lewi, diparingi saka separoning talere Manasye: Golan ing tanah Basan, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane lan Beestera sapangonane: kutha loro.


Saka taler Ruben: Bezer sapangonane, Yahas sapangonane,


Saka Taler Gad: Ramot ing tanah Gilead, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Mahanaim sapangonane,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan