Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 20:7 - Kitab Sutji

7 Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 20:7
22 Iomraidhean Croise  

Ibu Sara banjur seda ana ing Kiryat-Arba, yaiku Hebron ing tanah Kanaan. Rama Abraham tumuli lumebet lan ngadhuh-adhuh sarta muwuni Ibu Sara.


Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam nuli tindak menyang ing Sikhem, amarga wong Israel kabeh wus padha nglumpuk ana ing Sikhem prelu njumenengake ratu panjenengane.


saka suku Naftali: Kedesy ing Galilea dalah pangonan-pangonane, Hamon dalah pangonan-pangonane lan Kiryataim dalah pangonan-pangonane.


Sang Prabu Rehabeam banjur tindak menyang ing Sikhem, awit wong Israel kabeh wus padha nglumpuk ana ing Sikhem arep njumenengake ratu panjenengane.


Anadene kutha kang padha kaparingake marang para bani Lewi iku kang nem dadia kutha pangungsen, supaya kenaa diungseni dening wong kang gawe pati. Saliyane iku sira menehana maneh kutha patang puluh loro.


Nalika samana Maryam banjur enggal-enggal mangkat menyang kutha ing pagunungan tanah Yehuda.


– anggere kowe nglakoni pepakon iki kalawan temen-temen, iya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, apamaneh nresnani marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan tansah ngambah dalan pitedahe –, kutha telu mau banjur wuwuhana telu maneh,


Nabi Musa tumuli miyambakake kutha telu ing sabrange bengawan Yarden kang sisih wetan,


ratu ing nagara Kedesy siji, ratu ing nagara Yokneam ing sacedhake gunung Karmel siji,


Dene Hebron iku biyen jenenge Kiryat-Arba; Arba iku arane wong kang linuwih gedhene ana ing antarane wong Enak. Lan nagara iku banjur tentrem, wus ora ana perang.


Anadene Rama Kaleb bin Yefune iku diparingi dening Sang Yusak panduman ana ing tengahe bani Yehuda, yaiku Kiryat-Arba, ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Yusak; Arba iku bapakne Enak, yaiku Hebron.


Kutha-kuthane beteng yaiku: Zidim, Zer, Hamat, Rakat, Kineret.


Kedesy, Edrei, En-Hazor,


Apadene ing sabrange bengawan Yarden, ing sawetane kutha Yerikho kang kapilih: Bezer ing ara-ara samun ing tanah warata ing pagunungan, saka taler Ruben; banjur Ramot, ing tanah Gilead, saka taler Gad; sarta Golan ing tanah Basan, saka taler Manasye.


iku padha dipasrahi Kiryat-Arba, yaiku Hebron, – Arba iku leluhure suku Enak, – ana ing pagunungan Yehuda, dalah pangonane sakubenge;


Tedhake Imam Harun iku padha diwenehi Hebron, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah sapangonane, Libna sapangonane,


Iku padha diparingi Sikhem, kutha pangungsening wong dosa pati, dalah pangonane, kaprenah ana ing pagunungan Efraim lan Gezer sapangonane,


Tuwin saka taler Naftali: Kedesy ing tanah Galilea, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Hamor-Dor sapangonane lan Kartan sapangonane: kutha telu.


Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.


Anadene Sang Abimelekh bin Yerubaal, tindak menyang ing Sikhem manggihi para sadhereke ibune lan reraosan karo iku tuwin karo kulawangsane ibune kabeh mangkene:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan