Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 20:3 - Kitab Sutji

3 supaya dadia papan pangungsen tumrap wong kang gawe pati ora kanthi ditemaha, iya ora dirantam sadurunge, padha dadia pangungsene ana ing ngarepe wong kang nedya njaluk supaya nyaur pati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 20:3
8 Iomraidhean Croise  

Unjuke wong wadon iku: “Mugi Sang Prabu tansah enget dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allah dalem, supados pun waris pulih rah punika sampun ngantos kekathahen anggenipun nuwuhaken karisakan lan sampun ngantos sami mejahi anak kawula punika.” Sang Prabu banjur ngandika: “Demi Sang Yehuwah agesang, ora bakal ana rambut saeler-elera kang runtuh saka sirahe anakira ing bumi.”


“Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong kang nerak wewalere Pangeran Yehuwah ora klawan dijarag, dadi pancen nglakoni salah sawijining larangan mau,


Kutha-kutha iku padha dadia pangungsenira kanggo ngoncati wong kang duwe wewenang males, supaya wong kang gawe pati iku aja nganti dipateni sadurunge kaajokake marang ing parepataning umat supaya diadili.


Waris pulih getih iku kudu mateni wong iku; samangsa ketemu karo wong kang gawe pati iku, dheweke kudu mateni wong iku.


Nanging manawa anggone njotos mau dumadakan ora kalawan rasa memungsuhan, utawa anggone mbandhemake salah sawijining barang ora kanthi kajarag,


supaya marga prakara loro kang tetep, mokal manawa Gusti Allah cidra, kita kang ngupaya pangayoman, oleh pangatag-atag kang kuwat amrih nggayuh marang pangarep-arep kang kagantungake.


“Sira kandhaa marang wong Israel mangkene: Padha nemtokna kutha pangungsen kang wus Sundhawuhake marang sira lumantar Musa,


Samangsa wong mau ngungsi menyang ing salah sawijining kutha mau, banjur ngadega ana ing ngarepe gapurane kutha, ngaturna prakarane marang tetuwane kutha iku; iki kudu gelem nampani wong mau ana ing kutha kono lan menehana panggonan kang kena dienggoni ana ing satengahe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan