Anadene kutha kang padha kaparingake marang para bani Lewi iku kang nem dadia kutha pangungsen, supaya kenaa diungseni dening wong kang gawe pati. Saliyane iku sira menehana maneh kutha patang puluh loro.
supaya dadia papan pangungsen tumrap wong kang gawe pati ora kanthi ditemaha, iya ora dirantam sadurunge, padha dadia pangungsene ana ing ngarepe wong kang nedya njaluk supaya nyaur pati.