Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.
“Besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus numpes bangsa-bangsa kang nagarane diparingake marang kowe dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kowe wus ngejegi wilayahe lan padha ngenggoni kutha-kuthane lan omah-omahe,
Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.
Wangsulane: “Dudu, Ingsun iki Senapatining wadya-balane Pangeran Yehuwah, lagi rawuh saiki.” Sang Yusak tumuli sujud, wedanane konjem ing bumi, nyembah sarta munjuk: “Gusti kawula karsa ngandika punapa dhumateng ingkang abdi punika?”