Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 2:9 - Kitab Sutji

9 sarta kandha: “Kula sumerep, bilih Sang Yehuwah sampun maringaken tanah punika dhateng panjenengan, sarta kula sami kataman giris margi saking panjenengan, punapa dene sakathahing tiyang pribumi ing ngriki sami gumeter wonten ing ngarsa panjenengan,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 2:9
39 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono banjur padha budhalan. Kutha-kutha kang ana ing sakubenge padha ketaman ing pagiris saka Gusti Allah, temahan padha ora ngoyak marang para anake Yakub.


Sanadyan tiyang ingkang gagah prakosa saha ingkang manahipun kados singa, temtu lajeng badhe nglokro babar pisan, amargi sadaya bala Israel ngertos, bilih ingkang rama punika satunggaling prawira lan para bala ingkang ndherek panjenenganipun punika sami gagah prakosa.


Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni atur-aturipun ingkang abdi punika.”


Sabab Pangeran Yehuwah wus damel wadya-bala Aram padha krungu swaraning kreta, jaran lan wadya-bala gedhe, satemah padha sapocapan: “Lah ratu ing Israel wus mundhut tulung kalawan nyaosi atur-atur marang para ratune wong Het lan para ratune wong Mesir supaya padha nempuh marang kita.”


Bareng sakehing mungsuhku padha krungu wartane, sakehing bangsa ing sakubengku padha wedi, amarga padha kaweleh lan ngreti, yen pagawean iku katindakake kalawan pitulungane Gusti Allah.


Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya; apadene panunggalane bangsa ing nagara kono akeh kang padha manjing Yahudi, amarga padha wedi marang wong Yahudi.


Nanging aku sumurup: Panebusku iku gesang, sarta ing wekasane Panjenengane bakal jumeneng ana ing lebuning bumi.


Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine, nggeget untu banjur luluh; pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.


Langit iku langit kagunganing Sang Yehuwah, dene bumi wus diparingake marang para anaking manungsa.


Saiki aku sumurup, yen kaluhuraning Pangeran Yehuwah iku ngungkuli sakehe para allah; marga Panjenengane wus ngentasake bangsa iki saka ing tangane wong Mesir, sabab wong-wong iku wus padha tumindak sawenang-wenang marang bangsa iki.”


Rasa giris marang Ingsun bakal Sunkirimake ndhingini sira, Ingsun bakal ndadekake kisruhe sakehe wong kang sira parani, lan sakehe mungsuhira bakal Sundamel lumayu ninggal sira.


Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


Samangsa kabar bab Tirus iku tekan ing Mesir, wong-wong bakal padha gumeter krungu bab iku.


Ingsun iki kang nitahake bumi, manungsa lan kewan kang padha ana ing bumi, kalawan kakiyataningSun kang gedhe lan astaningSun kang Sunegarake sarta Ingsun maringake iku kabeh marang wong, kang Sunanggep sembada ana ing ngarsaningSun.


Wus ludhes, pandhes, nandhes! Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik, lambunge gumeter kabeh, raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.


Sawuse iku Nabi Musa banjur ngintunake utusan saka Kadesy menyang ing ngarsane raja ing Edom, piwelinge: “Sadherek dalem Israel gadhah atur makaten: Paduka mirsa sakathahing kasisahan ingkang tumempuh dhateng kawula sadaya,


“Harun bakal kakumpulake karo para leluhure, awitdene ora bakal melu lumebu ing tanah kang Sunparingake marang wong Israel, marga sira padha nglirwakake marang dhawuhingSun ana ing sacedhake banyu ing Meriba.


Apa aku ora wenang nganggo duwek-duwekku dhewe sakarepku? Apa kowe meri, dene aku kok loma?


Bakal ora ana kang kuwat nandhingi marang kowe, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ndadekake sakehing nagara kang kokambah, wonge padha giris lan wedi marang kowe, kaya kang kajanjekake dening Sang Yehuwah marang kowe.


Ing dina iki Ingsun miwiti ndadekake para bangsa ing sangisore langit padha kataman miris lan wedi marang sira, temah samangsa krungu wartanira bakal padha gumeter lan ngoplok marga saka sira.”


Para bangsa ing salumahing bumi banjur bakal padha weruh yen asmane Sang Yehuwah kasebut tumrap kowe, temah bakal padha ering marang kowe.


Ing nalika Kang Mahaluhur mandumi tanah-pusaka marang para bangsa, iya ing kalane misahake para anake manungsa, Panjenengane netepake wilayahe para bangsa iku miturut cacahe wong Israel.


Marga saka pracaya Rakhab, wong wadon tuna-susila, ora katut katumpes bareng karo wong-wong duraka, amarga wus nampani para telik iku kalawan becik.


Sareng kula sami mireng bab punika, manah kula sami lemes tanpa daya sarta boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang taksih gadhah krekat wonten ing ngarsa panjenengan, amargi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, punika Gusti Allah ingkang wonten ing langit ing nginggil saha ing bumi ing ngandhap.


Ature marang Sang Senapati Yusak: “Yehuwah sampun maringaken saindenging nagari punika dhateng ing tangan kita, malah sakathahipun tiyang saisinipun negari punika sampun sami kekes wonten ing ngajeng kita.”


Sadurunge wong loro iku padha turu Rakhab munggah marani wong-wong mau menyang ing payon,


Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.


Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Lah kutha Yerikho dalah ratu lan para pahlawane kang gagah prakosa Sunulungake ing tanganira.


saha samukawis ingkang katandukaken dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, Sang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon kaliyan Sang Prabu Og, ratu ing nagari Basan, ingkang akedhaton wonten ing Asytarot.


Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.


Atur wangsulane: “Para abdi panjenengan punika dhateng saking tanah ingkang tebih sanget, awit saking asmanipun Yehuwah, Gusti Allah panjenengan; amargi kula sampun sami mireng wartosipun, inggih samukawis ingkang sampun dipun tindakaken wonten ing tanah Mesir,


Kancane mangsuli, tembunge: “Iku ora liya pedhange Gidheon bin Yoas wong Israel; Gusti Allah wis ngulungake wong Midian lan pakemahan iki kabeh marang ing tangane.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan