Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 2:6 - Kitab Sutji

6 Nanging satemene wong mau padha dikon munggah ing payon lan diumpetake ing ngisore tumpukan rami, kang didekek ing payon kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 2:6
17 Iomraidhean Croise  

Nuju ing sawiji dina ing wayah sore, nalika Sang Prabu wungu saka pasareane, banjur ameng-ameng ana ing payoning kadhaton; saka ing kono katon ana wong wadon lagi adus; wong wadon iku ayu banget warnane.


Wong wadon iku banjur njupuk lurub, dijereng ing cangkeming sumur mau lan disebari las-lasan gandum, temah ora katon apa-apa.


Punapa bendara kula boten kaaturan uninga bab punapa ingkang kula lampahi nalika Sang Prameswari Izebel mejahi para nabining Yehuwah, bilih kula ndhelikaken nabi-nabining Yehuwah satus wonten ing salebeting guwa, saben sagrombolan seket, sarta rumeksa ugi dhateng tedha saha ngombenipun?


Awit nalika Sang Prameswari Izebel nyirnakake para nabining Sang Yehuwah, Sang Obaja mundhut nabi satus banjur kadhelikake gegrombolan nyeket-nyeket ana ing sajroning guwa, sarta iya rumeksa marang pangan lan ngombene.


Nanging Sang Putri Yoseba, putri putrane Sang Prabu Yoram, sadhereke putri Sang Prabu Ahazia, nuli mundhut Pangeran Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, kakesahake saka ing satengahe para putrane Sang Prabu kang arep padha disedani iku, kalebetake ing gedhong pasimpenan pasarean, bebarengan karo inyane, sarta didhelikake saka ing ngarsane Sang Putri Atalya, satemah ora katut disedani.


wong wadon iku tumuli ngandhut sarta nglairake anak lanang. Bareng weruh yen bayine iku bagus, nuli didhelikake nganti telung sasi lawase.


Sang Prabu malah dhawuh marang Pangeran Yerahmeel, Seraya bin Azriel lan Selemya bin Abdeel supaya nyekel jurutulis Barukh lan Nabi Yeremia, nanging Sang Yehuwah ngumpetake wong loro mau.


Wong kang lagi ana ing payon aja mudhun njupuk barang-barang saka ing omahe,


Manawa kowe ngadegake omah anyar, payone omahmu iku gawekna pager, supaya omahmu iku aja nganti kapotangan getih, saupama ana wong tiba saka ing kono.


Sabab kowe wus padha mati lan uripmu iku sinengker kalawan Gusti Kristus, ana ing Gusti Allah.


Marga saka pracaya Nabi Musa, sawiyose, diumpetake dening rama-ibune lawase telung sasi, amarga padha nguni-ngani, manawa bayi iku bagus rupane sarta ora wedi marang prentahe Sang Prabu.


Mangkono uga Rakhab, si sundel iku, apa ora awit saka panggawene anggone kabenerake, nalika ndhelikake para utusan ing omahe, banjur nulungi lolose metu ing dalan liya?


lan sareng wancinipun gapuranipun badhe kakancing saha sampun peteng, tiyang-tiyang wau sami kesah; kula boten sumerep dhateng pundi purugipun; kula aturi ngoyak, mesthi badhe ketututan.”


Para utusan banjur ngoyak wong mau ana ing dalan kang anjog ing bengawan Yarden, nganti tumeka ing pasabrangan, lan sawuse wong kang ngoyak padha metu, gapurane nuli kakancing.


Sadurunge wong loro iku padha turu Rakhab munggah marani wong-wong mau menyang ing payon,


Kaya mangkono dadine Rakhab wong wadon tunasusila sakulawargane sarta kabeh kang melu dheweke kabeh iya padha diparengake lestari urip dening Sang Yusak, banjur tetep pamanggone ana ing tengahe bangsa Israel nganti saprene, amarga saka anggone ndhelikake wong kang diutus dening Sang Yusak nelik kutha Yerikho.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan