5 lan sareng wancinipun gapuranipun badhe kakancing saha sampun peteng, tiyang-tiyang wau sami kesah; kula boten sumerep dhateng pundi purugipun; kula aturi ngoyak, mesthi badhe ketututan.”
Mulane yen ngarepake dina Sabat ing gapura-gapura Yerusalem wus katon remeng-remeng, aku akon nutup gapura-gapura lan dakprentahake supaya aja diwengakake sadurunge kliwat dina Sabat. Karomaneh aku mapanake wongku sawatara ana ing gapura-gapura, supaya aja ana momotan lumebu ing dina Sabat.
Gapura-gapuranira bakal tansah menga rina lan wengi ora bakal kainebake, supaya wong bisa marakake kasugihane para bangsa marang sira, bebarengan karo para ratune kang padha digiring dadi tawanan
Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Ing pinggire kali kiwa tengen ana wite wowohan warna-warna, kang godhonge ora alum lan wohe ora entek-entek; saben sasi awoh maneh, sabab wit-wit iku oleh banyu saka papan kang suci iku. Wohe bakal dadi pangan, dene godhonge kanggo tamba.”
Nanging wong wadon mau wus nggawa wong loro mau, kang banjur didhelikake. Ature: “Pancen wonten tiyang jaler ndhatengi kula, nanging kula boten mangertos saking pundi pinangkanipun;
Para utusan banjur ngoyak wong mau ana ing dalan kang anjog ing bengawan Yarden, nganti tumeka ing pasabrangan, lan sawuse wong kang ngoyak padha metu, gapurane nuli kakancing.