Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 2:3 - Kitab Sutji

3 Ratu ing Yerikho banjur utusan menyang ing omahe Rakhab, dhawuhe: “Wong-wong kang padha nekani sira lan padha teka ing omahira iku padha ladekna mrene, amarga tekane arep nelik negara kene kabeh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 2:3
15 Iomraidhean Croise  

Kacarita watara telung sasi Yehuda dikabari: “Tamar, putra mantu panjenengan lampah bedhang, malah sampun ngandheg anggenipun bebedhangan punika.” Yehuda banjur ngucap: “Wonge gawanen metu, supaya diobong!”


Nanging kula lajeng sami matur: Kula punika tiyang temen, sanes telik,


para panggedhene bani Amon munjuk marang Sang Prabu Hanun, gustine: “Miturut panggalih dalem Prabu Dawud punika punapa badhe ngurmati kang rama, dene ngantos utusan abdi-abdinipun ingkang ngaturaken belasungkawa punika? Punapa boten kagungan karsa badhe niti-priksa kitha punika sarta nelik badhe nglebur kitha, pramila Prabu Dawud lajeng utusan para punggawanipun dhateng ngarsa dalem?”


Para abdine Pangeran Absalom teka ing omahe wong wadon iku, banjur takon: “Ahimaas lan Yonatan ana ing ngendi?” Wangsulane wong wadon iku marang wong-wong iku: “Tiyangipun sampun sami nyabrang ing lepen punika.” Sarehne anggone nggoleki ora ketemu, tumuli padha bali mulih menyang Yerusalem.


para panggedhene bani Amon padha munjuk marang Sang Prabu Hanun: “Punapa miturut panggalih dalem Sang Prabu Dawud badhe nyaosi pakurmatan dhateng rama dalem, anggenipun ngintunaken para utusan sowan ing ngarsa dalem prelu ngaturaken bela-sungkawa punika? Punapa boten kanthi sedya badhe niti-priksa, nelik saha lajeng badhe nyirnakaken nagari punika, anggenipun para punggawanipun sami sowan ing ngarsa dalem punika?”


yaiku manawa wong ala dieman samangsa dina bilai, lan diuwalake ing dina bebenduning Allah?


“Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.


Sang Pilatus tumuli miyos maneh sarta ngandika marang wong-wong: “Lah tontonen, iku wonge dakwetokake marang ngarepmu, supaya kowe padha sumurup, yen mungguh ing aku ora ana kaluputane.”


Bareng Rasul Petrus wis dicepeng, Sang Prabu Herodhes dhawuh supaya dikunjara kanthi dijaga dening prajurit patang regu, saben regu wong papat. Karsane, salebare Paskah bakal kaladekake marang ngarepe wong akeh.


Nalika bengi sadurunge kaladekake marang ing ngarepe wong akeh dening Sang Prabu Herodhes, Rasul Petrus sare kaapit dening prajurit loro, kabesta ing rante loro. Kajaba saka iku ing ngarep lawang ana prajurit kang padha jaga.


Kang kadhawuhan tumuli padha nglakoni mangkono, ratu lima padha digawa metu saka ing guwa, kaladekake marang ngarsane Senapati Yusak, iya iku: ratu ing Yerusalem, ratu ing Hebron, ratu ing Yarmut, ratu ing Lakhis, lan ratu ing Eglon.


Ratu ing Yerikho tumuli kaaturan uninga, mangkene: “Kala wau dalu wonten tiyang panunggilanipun bangsa Israel dhateng nelik negari ngriki.”


Nanging wong wadon mau wus nggawa wong loro mau, kang banjur didhelikake. Ature: “Pancen wonten tiyang jaler ndhatengi kula, nanging kula boten mangertos saking pundi pinangkanipun;


Senapati Sisera ngandika maneh marang Ibu Yael: “Panjenengan kula aturi nengga korining kemah lan manawi wonten tiyang dhateng pitaken: Ing ngriki punapa wonten tiyang, panjenengan wangsuli: Boten wonten.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan