Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 2:2 - Kitab Sutji

2 Ratu ing Yerikho tumuli kaaturan uninga, mangkene: “Kala wau dalu wonten tiyang panunggilanipun bangsa Israel dhateng nelik negari ngriki.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 2:2
7 Iomraidhean Croise  

Kidung jiyarah anggitane Prabu Suleman. Manawa dudu Pangeran Yehuwah kang yasa omah, tanpa gawe panggarape tukange; manawa dudu Pangeran Yehuwah kang ngreksa marang kita, tanpa gawe wong jaga anggone melek.


Ora ana kawicaksanan lan pangreten, lan ora ana panimbang-nimbang kang bisa nandhingi Sang Yehuwah.


Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane, tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun; Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?”


Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”


Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono.


Ratu ing Yerikho banjur utusan menyang ing omahe Rakhab, dhawuhe: “Wong-wong kang padha nekani sira lan padha teka ing omahira iku padha ladekna mrene, amarga tekane arep nelik negara kene kabeh.”


Marga saka iku wong bani Dhan nuli padha kongkonan wong lima saka wong sagotrahe kabeh, padha wong gagah prakosa kang asale saka ing Zora lan ing Esytaol, padha dikon nelik lan niti-priksa nagara iku sarta kaweling: “Mangkata lan niti-priksaa nagara iku!” Bareng wong-wong mau tumeka ing pagunungan Efraim ing omahe Mikha, padha nginep ana ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan