YUSAK 2:19 - Kitab Sutji19 Sok sintena ingkang medal saking korining dalem panjenengan, kedah nanggel akibatipun piyambak; manawi kawutahaken rahipun, kula boten sami badhe kalepatan, nanging sok sintena ingkang wonten ing dalem panjenengan punika, manawi wonten ingkang ngganggu damel, rahipun katempuhna dhateng kula. Faic an caibideil |
Dadine Pangeran Yehuwah nempuhake utange getih marang awake dhewe, amarga wong iku wus mateni wong loro kang luwih bener lan luwih becik tinimbang dheweke, yaiku anggone mateni wong loro mau kalawan pedhang ora kanthi kauningan dening ramaningsun Dawud, yaiku Abner bin Ner, senapati Israel lan Amasa bin Yeter, senapatine Yehuda.
Wangsulane telik loro mau marang Rakhab: “Kula sami nanggel gesang panjenengan klayan ngetohaken nyawa kula, janji panjenengan boten nglairaken prakawis kula punika; benjing samangsa Sang Yahuwah sampun maringaken negari punika dhateng kula, kula sami badhe ngatingalaken panarimah saha kasetyan kula dhateng panjenengan.”