Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 2:18 - Kitab Sutji

18 lah manawi kula sami lumebet ing kitha ngriki, tamparan benang abrit punika panjenengan tangsulaken angsal cendhela ingkang kangge margi anggen panjenengan ngandhapaken kula, punapa malih rama-ibu panjenengan saha sadherek panjenengan dalah sakukuban panjenengan sadaya sami panjenengan kempalaken wonten ing dalem panjenengan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 2:18
19 Iomraidhean Croise  

Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


Sawuse mangkono Sang Yehuwah nuli ngandika marang Rama Nuh: “Sira lan sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau, amarga sira iku Sunpirsani tinemu resik ana ing antarane jinis iki.


Amargi kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali bilai ingkang badhe ndhawahi bangsa kawula? Kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali tumpesipun sanak-sadherek kawula?”


Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.


Lambemu lir pita jingga, tutukmu endah. Pilinganmu katon lir woh delima sinigar ana ing sangisoring kudhungira.


imam nuli mrentahna marang wong kang arep dibirat najise iku supaya ngladekna manuk kang isih urip lan kalal loro, karo kayu eres, kain jingga lan isop.


Imam tumuli njupuka kayu eres, hisop lan kain jingga, kacemplungna ing satengahe geni kang ngobong sapi mau.


Iku banjur kalurubana jarit jingga, banjur ditutupana lulang dhuyung, sawuse mangkono kaetrapana pikulane.


Pangandikane Gusti Yesus: “Ing dina iki omah iki katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhake Rama Abraham.


Rasul Petrus nuli lumebet kalawan ngandikan karo Kornelius, banjur kapanggih lan wong akeh kang wis padha nglumpuk.


Awit saking punika kula enggal-enggal kengkenan tiyang sowan panjenengan saha panjenengan sampun rawuh kalayan renaning penggalih. Sapunika kula sadaya sampun nglempak ing ngriki, wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, badhe mirengaken punapa ingkang kadhawuhaken dening Gusti Allah dhateng panjenengan.”


Iku bakal aweh pawarta marang kowe, kang bakal nekakake karahayon tumrap kowe dalah sabrayatmu kabeh.


Muga Gusti karsaa paring sih-rahmate marang brayat Onesiforus, kang wus bola-bali gawe segering atiku. Dheweke ora isin niliki aku menyang ing pakunjaran.


Awitdene nalika Nabi Musa wus ndhawuhake sakehe pepakon angger-anggering Toret marang umat kabeh, banjur mendhet getihing pedhet lan getihing wedhus lanang sarta banyu lan wulu abang sarta isop, banjur dikepyurake piyambak ing kitab iku sarta marang umat kabeh,


Celathune wong wadon mau: “Mugi kalampahana kados pangandika panjenengan.” Wong loro mau tumuli padha pamitan lan padha mangkat. Wong wadon iku tumuli nalekake tamparan abang mau ing cendhela.


Wong nom kang dadi telik mau banjur padha mlebu, Rakhab, bapa-biyunge sarta sadulure dalah sakehing wong kang tunggal saomah karo dheweke, iya sakulawargane kabeh padha digawa metu, nuli dipapanake ing sajabaning pakemahane wong Israel.


Kaya mangkono dadine Rakhab wong wadon tunasusila sakulawargane sarta kabeh kang melu dheweke kabeh iya padha diparengake lestari urip dening Sang Yusak, banjur tetep pamanggone ana ing tengahe bangsa Israel nganti saprene, amarga saka anggone ndhelikake wong kang diutus dening Sang Yusak nelik kutha Yerikho.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan