YUSAK 2:15 - Kitab Sutji15 Wasana telik-telik mau banjur padha diudhunake sarana dhadhung metu ing cendhela; amarga omahe iku prenahe ana ing dhuwur baluwartine kutha, dadi pamanggone ana ing baluwarti. Faic an caibideil |
Wangsulane telik loro mau marang Rakhab: “Kula sami nanggel gesang panjenengan klayan ngetohaken nyawa kula, janji panjenengan boten nglairaken prakawis kula punika; benjing samangsa Sang Yahuwah sampun maringaken negari punika dhateng kula, kula sami badhe ngatingalaken panarimah saha kasetyan kula dhateng panjenengan.”
Pangucape Rakhab marang wong mau: “Panjenengan kula aturi tindak dhateng ing pareden, supados sampun ngantos kepanggih kaliyan ingkang sami ngoyak panjenengan; wonten ing ngriku panjenengan kula aturi umpetan tigang dinten, ngantos ingkang ngoyak panjenengan sami mantuk, wasana panjenengan kula aturi nglajengaken lampah.”
Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka, banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.