YUSAK 2:14 - Kitab Sutji14 Wangsulane telik loro mau marang Rakhab: “Kula sami nanggel gesang panjenengan klayan ngetohaken nyawa kula, janji panjenengan boten nglairaken prakawis kula punika; benjing samangsa Sang Yahuwah sampun maringaken negari punika dhateng kula, kula sami badhe ngatingalaken panarimah saha kasetyan kula dhateng panjenengan.” Faic an caibideil |
Nalika Sang Prabu langkung, nabi mau nglapurake prakarane marang Sang Prabu, unjuke: “Nalika abdi dalem punika majeng dhateng ing satengahing peperangan, dumadakan wonten tiyang satunggal ingkang nilar pabarisan kaliyan mbekta tiyang dhateng ing ngajeng kula kanthi wicanten: Wong iki jaganen, manawa wong iki nganti ilang, sanadyan kanthi patrap kapriye bae, nyawamu bakal kanggo ijole, utawa kowe kudu mbayar dhuwit satalenta selaka.
Kaya mangkono dadine Rakhab wong wadon tunasusila sakulawargane sarta kabeh kang melu dheweke kabeh iya padha diparengake lestari urip dening Sang Yusak, banjur tetep pamanggone ana ing tengahe bangsa Israel nganti saprene, amarga saka anggone ndhelikake wong kang diutus dening Sang Yusak nelik kutha Yerikho.
Manawi makaten mugi karsaa paring cihnaning kasetyan panjenengan dhateng ingkang abdi punika, awit dene panjenengan sampun damel prajanjian kaliyan ingkang abdi wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah. Samanten ugi manawi wonten kalepatan kula, panjenengan piyambak kula aturi mejahi kula. Punapa sebabipun dene panjenengan badhe ngloropaken kula dhateng ingkang rama?”