Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 2:12 - Kitab Sutji

12 Ingkang punika panjenengan mugi karsaa supaos atas asmanipun Sang Yehuwah, sarehning kula sampun nandukaken kasaenan dhumateng panjenengan, panjenengan ugi badhe males kasaenan dhateng kulawarga kula saha kula mugi panjenengan paringi pratandha ingkang kenging kapitados,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 2:12
24 Iomraidhean Croise  

Pramila ing sapunika sumangga kula aturi supaos dhateng kula demi Gusti Allah wonten ing ngriki, bilih panjenengan boten badhe nyidrani dadosa dhateng kula, utawi dhateng anak-anak kula saha tedhak-turun kula; panjenengan nandukna kasaenan dhateng kula saha dhateng nagari ingkang panjenengan dunungi kadosdene tamu punika, kados anggen kula sampun nandukaken kasaenan dhateng panjenengan.”


supaya kowe sumpah demi Sang Yehuwah Allahe swarga lan bumi ana ngarepku kene, yen anakku ora bakal kokgolekake sisihan saka panunggalane bocah wadon anake wong Kanaan, kang tanahe dakenggoni iki,


Abdi mau banjur numpangake tangane ana sangisore cethike Rama Abraham bendarane, banjur sumpah ing bab prakara iku.


Nanging, kula aturi enget dhateng kula samangsa panjenengan sampun manggih sakeca, mugi karsaa nandukaken kasaenan dhateng kula, nglantaraken prakawis kula punika dhateng Sang Prabu Pringon, saha nyuwun tulung supados kawedalna saking griya punika.


Sarta maneh panjenengane mbalela marang Sang Prabu Nebukadnezar, kang wus dhawuh marang panjenengane supaya supaos dhemi Allah. Sang Prabu Zedhekia ngakenake githoke lan mangkotake panggalihe sarta ora mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel.


Amargi kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali bilai ingkang badhe ndhawahi bangsa kawula? Kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali tumpesipun sanak-sadherek kawula?”


Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.


Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun.


Wong kang ngulungake Panjenengane wis aweh tandha marang wong-wong mau mangkene: “Wong kang dakcucup, yaiku wonge, cekelen lan dhabyangen sing kenceng.”


tanpa budi, ora setya, ambek kamitegan, ora welasan.


Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.


Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.


bilih panjenengan badhe nggesangi tiyang sepuh kula, mekaten ugi sadherek kula jaler estri dalah sakukubanipun sadaya sarta badhe ngentasaken nyawa kula saking bebaya pejah.”


lah manawi kula sami lumebet ing kitha ngriki, tamparan benang abrit punika panjenengan tangsulaken angsal cendhela ingkang kangge margi anggen panjenengan ngandhapaken kula, punapa malih rama-ibu panjenengan saha sadherek panjenengan dalah sakukuban panjenengan sadaya sami panjenengan kempalaken wonten ing dalem panjenengan.


Sok sintena ingkang medal saking korining dalem panjenengan, kedah nanggel akibatipun piyambak; manawi kawutahaken rahipun, kula boten sami badhe kalepatan, nanging sok sintena ingkang wonten ing dalem panjenengan punika, manawi wonten ingkang ngganggu damel, rahipun katempuhna dhateng kula.


Nanging Sang Senapati Yusak banjur ngandika marang wong loro kang biyen padha nelik nagara mau: “Padha lumebua ing omahe wong wadon tunasusila kae, wong iku gawanen metu saka ing kono dalasan sakulawargane kabeh, kaya kang wus dadi supatamu marang dheweke.”


Senapati Yusak banjur memitran karo para wong iku mau sarta damel prajanjian manawa bakal padha diuripi, malah para panggedhene padha prajanji klawan sumpah.


Bareng telik mau padha ndeleng wong siji kang metu saka ing kutha, banjur celathu: “Aku tulungana, tuduhna dalane lumebu menyang kutha, nuli kowe bakal dakanggep kaya mitra!”


Sang Dawud ndangu maneh: “Apa kowe bisa nuduhake dalane menyang panggonane grombolan iku?” Ature wong mau: “Sumangga panjenengan supaos atas asmanipun Sang Yehuwah agesang, bilih panjenengan boten badhe mejahi kula saha masrahaken badan kula dhateng bendara kula, kula lajeng badhe nedahaken panggenanipun grombolan punika.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan