Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 2:11 - Kitab Sutji

11 Sareng kula sami mireng bab punika, manah kula sami lemes tanpa daya sarta boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang taksih gadhah krekat wonten ing ngarsa panjenengan, amargi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, punika Gusti Allah ingkang wonten ing langit ing nginggil saha ing bumi ing ngandhap.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 2:11
27 Iomraidhean Croise  

supaya sakehing bangsa ing bumi padha sumurup, manawa Sang Yehuwah iku Gusti Allah, lan ora ana liyane,


Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni atur-aturipun ingkang abdi punika.”


Bareng sakehing mungsuhku padha krungu wartane, sakehing bangsa ing sakubengku padha wedi, amarga padha kaweleh lan ngreti, yen pagawean iku katindakake kalawan pitulungane Gusti Allah.


Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya; apadene panunggalane bangsa ing nagara kono akeh kang padha manjing Yahudi, amarga padha wedi marang wong Yahudi.


Awit para abdi Paduka sami remen dhateng sela-selanipun, sarta sami ngraos mesakaken dhateng reremukanipun.


anggenipun sami ngangapaken cangkemipun dhateng kawula prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.


Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa ngrampali untuning cangkemipun, saha karsaa motholi siyungipun singa anem. (Selah)


Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun, sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,


Para bangsa sami mireng temah inggih sami gumeter; makaten ugi ingkang sami manggen ing tanah Filisti sami kraos giris.


Ing wekdal punika para pangageng ing Edom sami geger, para pangwaos ing Moab sami kataman ing giris; tiyang isinipun tanah Kanaan sami gumeter.


Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes, lan atine saben manungsa bakal luluh,


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


supaya padha remuk atine lan kang tumeka ing pati wuwuh-wuwuh ana ing ngarepe saben gapurane. Ingsun kang dhawuh ngwutahake getih kalawan pedhang iku. Adhuh, pedhange iku kagawe kayadene kilat lan digebeg kanggo ngwutahake getih.


Wus ludhes, pandhes, nandhes! Ati nglentrih, dhengkul oklak-aklik, lambunge gumeter kabeh, raine wong kabeh padha pucet tanpa guwaya.


Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.


Sawuse mangkono para panggedhe mau nyambungana pitembungane marang para prajurite mangkene: Sapa panunggalanmu kang wedi lan lembek atine iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya atine para sadulure aja nganti ajur luluh kaya atine wong iku.


Mulane ing samengko kowe padha ngawruhana lan nggatekna yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah ana ing langit dhuwur lan ana ing bumi ngisor, ora ana liyane maneh.


Nanging para sadherek kula ingkang sami tumut lampah kula sami damel pepesing manahipun tiyang sabangsa; ewadene kula tetep mantep dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula, kanthi gumolonging manah.


Ature marang Sang Senapati Yusak: “Yehuwah sampun maringaken saindenging nagari punika dhateng ing tangan kita, malah sakathahipun tiyang saisinipun negari punika sampun sami kekes wonten ing ngajeng kita.”


Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.


Amarga wong Ai padha oleh pepati panunggalane wong iku mau watara telung puluh nenem; wong Israel dioyak wiwit saka ing ngarepe gapuraning kutha nganti tutug ing Syebarim, anggone padha nggecak ana ing ereng-ereng. Atine para umat dadi pepes.


Wangsulane wong-wong mau marang Senapati Yusak: “Para abdi panjenengan sami angsal wartos ingkang gumathok, bilih Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun paring dhawuh dhateng Nabi Musa, abdinipun, supados maringaken nagari punika sadaya dhateng panjenengan, sarta nyirnakaken sakathahipun tiyang ingkang manggen ing nagari punika saking ing ngarsa panjenengan; mila kula sami ajrih sanget manawi badhe kecalan nyawa kula wonten ing ngarsa panjenengan; inggih punika sababipun kula lajeng gadhah patrap ingkang kados mekaten punika.


Iku mau kabeh padha calathu marang gunung-gunung lan marang watu parang: “Aku padha jugrugana lan dhelikna supaya aja kauningan ing Panjenengane, kang lenggah ing dhampar lan kena ing bebendune Sang Cempe iku.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan