YUSAK 2:1 - Kitab Sutji1 Senapati Yusak bin Nun kalawan sidheman banjur ngutus wong loro saka Sitim kakarsakake nelik, pangandikane: “Kowe padha mangkata, niti-priksaa nagara iku lan kutha Yerikho.” Wong mau tumuli padha mangkat, lan teka ing omahe sawijining wong wadon tunasusila, jenenge Rakhab lan nginep ana ing kono. Faic an caibideil |
Marga saka iku wong bani Dhan nuli padha kongkonan wong lima saka wong sagotrahe kabeh, padha wong gagah prakosa kang asale saka ing Zora lan ing Esytaol, padha dikon nelik lan niti-priksa nagara iku sarta kaweling: “Mangkata lan niti-priksaa nagara iku!” Bareng wong-wong mau tumeka ing pagunungan Efraim ing omahe Mikha, padha nginep ana ing kono.