9 Tanah-pusakane bani Simeon iku kajupuk saka pandumane bani Yehuda, amarga tanah-pusakane bani Yehuda kakehan, mulane bani Simeon padha oleh tanah-pusaka ana ing satengahe tanah-pusakane Yehuda.
Nepsune kenaa ing ipat-ipat, awitdene nepsune iku kebangeten, kenaa ing ipat-ipat brangasane, awitdene iku siya-siya. Padha arep dakpencar ana ing antarane bani Yakub lan daksebar ana ing antarane turune Israel.
Kang akeh cacahe kaparingana panduman tanah pusaka kang akeh, lan kang sathithik kaparingana panduman tanah pusaka sathithik; saben taler padha kapandumana dhewe-dhewe miturut jeneng-jeneng kang kacathetan.
uga sakehing desa kang ana ing sakubenge kutha iku mau tutug ing Baalat-Beer, yaiku Rama, ing tanah kidul. Iku tanah-pusakane talere bani Simeon, miturut gotrahe.