Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 19:51 - Kitab Sutji

51 Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 19:51
18 Iomraidhean Croise  

Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


mulane nilar padalemane ing Silo, tarub kang wus didalemi ana ing antarane manungsa;


Pangandikane Gusti Yesus: “TuwungKu pancen bakal kokombe, nanging bab linggih ing tengenKu utawa ing kiwaKu, iku Aku ora wenang nglilani. Iku bakal kaparingake marang wong-wong, kang wis cinadhang dening RamaKu.”


Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.


Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.


Sarta sasampunipun nyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan, Panjenenganipun lajeng mbage-bage tanah wau dhateng leluhur kita kadadosaken tanah pusaka.


Iki kabeh kang ditampani wong Israel minangka tanah-pusakane ana ing tanah Kanaan, kang wus kaedumake marang wong Israel dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak bin Nun sarta para panggedhening kulawargane taler-talere,


Wong Israel saumat kabeh banjur padha nglumpuk ana ing Silo sarta ngadegake Tarub Pasewakan ana ing kono, amarga nagara iku wus katelukake.


Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe.


Sang Yehuwah banjur ngandika maneh marang Senapati Yusak:


Ing kono banjur ana kang duwe rembug mangkene: “Lah saben taun ing Silo rak ana pahargyan riyaya sumaos marang Sang Yehuwah ana ing salore Betel, sawetane dalan gedhe saka Betel menyang ing Sikhem lan ing sakidule Lebona.”


Padha ngawasna temenan; manawa prawan-prawan ing Silo padha metu jejogedan, kowe nuli padha metua saka ing pakebonan anggur mau, lan siji-sijine panunggalanmu nggondhola prawan ing Silo siji dadia bojomu lan padha menyanga ing tanah Benyamin.


Wong iku saben taun lelungan saka ing kuthane arep munggah manembah lan saos kurban marang Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi ing Silo. Kang dadi imaming Sang Yehuwah ana ing kono yaiku putrane Imam Eli, Hofni lan Pinehas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan