Kacarita Baesa bin Ahia, panunggalane turune Isakhar nganakake sakuthon nglawan panjenengane. Sang Prabu disedani ana ing Gibeton kang klebu wilayahe wong Pilisti, nalika Sang Prabu Nadab lan bala Israel kabeh pinuju ngepung Gibeton mau.
Ing taun kang kaping pitulikure jamane Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda, Sang Zimri jumeneng ratu. Anggone ngasta paprentahan suwene pitung dina ana ing Tirza, nalika rakyat lagi makuwon ngepung Gibeton kang klebu wewengkone wong Pilisti.