Nanging Sang Prabu Amazia ora karsa ndhahar pangandika iku, mulane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel banjur majeng perang ngaben kekiyatan, panjenengane lan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda ana ing Bet-Semes, ing wewengkone Yehuda.
Wates iku nuli menggok saka ing Baala mengulon ngener ing pagunungan Seir, terus ngalor menyang ing ereng-erenge gunung Yearim, yaiku ing Khesalon, medhun menyang Bet-Semes, terus menyang ing Timna,
Taler Naftali ora nundhungi wong ing Bet-Semes lan ing Bet-Anat, dadine padha manggon ana ing satengahe wong Kanaan, pendhudhuk asli ing nagara kono, nanging wong ing Bet-Semes lan ing Bet-Anat padha didadekake wong nyangga karya.