Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 19:35 - Kitab Sutji

35 Kutha-kuthane beteng yaiku: Zidim, Zer, Hamat, Rakat, Kineret.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 19:35
14 Iomraidhean Croise  

bangsa Arwadi, bangsa Semari lan bangsa Hamati. Ing tembe bangsa Kanaan iku banjur sumebar.


Sang Prabu Suleman ing wektu iku uga banjur nganakake pahargyan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lawase pitung dina, bebarengan karo wong Israel kabeh, sawijining pasamuwan kang gedhe wiwit ing dalan lumebu marang Hamat nganti tekan ing kaline Mesir.


Ing jamane Sang Prabu Pekah, ratu ing Israel, Sang Prabu Tiglat Pileser, ratu ing Asyur rawuh lan banjur ngejegi Iyon, Abel-Bet-Maakha, Yanoah, Kedesy lan Hazor, Gilead lan Galilea, tanah Naftali kabeh, sarta pendhudhuke nuli diboyongi kabeh menyang ing Asyur, dadi wong buwangan.


Wong mau tumuli padha mangkat, nelik tanah iku wiwit saka ing pasamunan Zin tutug ing Rehob, ing dalan kang anjog ing Hamat;


saka ing gunung Hor kaenerna tekan ing Hamat, lan terus nganti tekan ing Zedad.


Sawise padha nyabrang, banjur tekan ing tanah Genesaret. Tumuli labuh ana ing kono.


sabanjure Araba-Yordan lan bengawan Yarden dalah pinggire, wiwit saka ing Kineret nganti tekan ing sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing sangisore perenge gunung Pisga mangetan.


sarta marang para ratu kang ana ing sisih lor ing pagunungan, ing Araba-Yordan, ing sakidule Kinerot, ing Dhaerah Pagunungan lan ing tanah tengger Dor sisih kulon,


lan ing lebak Bet-Haram, Bet-Nimra, Sukot lan Zafon, kekarening karajane Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; bengawan Yarden lan dhaerah pinggire tutug ing pungkasaning telaga Kineret, ing sawetane bengawan Yarden.


Watese banjur bali mangulon menyang ing Asnot-Tabor, terus menyang ing Hukok, nyremped ing tlatahe Zebulon sisih kidul, nyremped tlatahe Asyer, ing sisih kulon sarta laladan Yehuda ing bengawan Yarden, pener pletheking srengenge.


Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.


Tuwin saka taler Naftali: Kedesy ing tanah Galilea, kutha pangungsene wong dosa pati, dalah pangonane, Hamor-Dor sapangonane lan Kartan sapangonane: kutha telu.


Ibu Dhebora utusan nimbali Sang Barak bin Abinoam saka ing Kedesy ing wewengkon Naftali, nuli dipangandikani: “Apa kowe ora didhawuhi Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel: Sira lungaa nglurug menyang ing gunung Tabor nggawa bala sepuluh ewu panunggalane wong bani Naftali lan wong bani Zebulon.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan