Watese banjur bali mangulon menyang ing Asnot-Tabor, terus menyang ing Hukok, nyremped ing tlatahe Zebulon sisih kidul, nyremped tlatahe Asyer, ing sisih kulon sarta laladan Yehuda ing bengawan Yarden, pener pletheking srengenge.
Anadene Heber, wong Keni wus pisah karo wong bani Kain, turune Hobab, ipene Nabi Musa, lan wus nancebake tarube ngolah-ngalih nganti tekan ing wit kayu elon ing Zaanaim, sacedhake Kedesy.