Taler Naftali ora nundhungi wong ing Bet-Semes lan ing Bet-Anat, dadine padha manggon ana ing satengahe wong Kanaan, pendhudhuk asli ing nagara kono, nanging wong ing Bet-Semes lan ing Bet-Anat padha didadekake wong nyangga karya.
Ibu Dhebora utusan nimbali Sang Barak bin Abinoam saka ing Kedesy ing wewengkon Naftali, nuli dipangandikani: “Apa kowe ora didhawuhi Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel: Sira lungaa nglurug menyang ing gunung Tabor nggawa bala sepuluh ewu panunggalane wong bani Naftali lan wong bani Zebulon.