Banjur tekan ing panggonan kang ana betenge, Tirus, lan sakehing kuthane wong Hewi lan wong Kanaan; wekasan tekan ing laladan Yehuda sisih kidul, ing Bersyeba.
Sarta wus ngandika: “Sira ora bakal bungah-bungah maneh, he prawan kang wus karusak, he putri Sidon! Ngadega, ngungsia marang wong Kitim! Ana ing kono uga bakal ora ana panggonan kang nyenengake tumrap sira.”
Nandhanga wirang, he Sidon, sabab sagara, betenge sagara, celathu mangkene: “Aku ora tau uwat lan ora tau manak, aku ora tau nggulawenthah jejaka lan ora tau ngopeni prawan-prawan.”
Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.
Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.
iku padha diulungake dening Pangeran Yehuwah marang wong Israel, banjur digecak lan dioyak terus nganti tutug ing Sidon-Gedhe lan ing Misrefot-Maim, apadene tutug ing lebak Mizpa sisih wetan; anggone nggecak nganti ora ana siji-sijia kang bisa oncat
Ora ana wong teka nulungi, marga panggonane adoh saka ing Sidon lan ora sesrawungan karo sapa-sapaa. Prenahe kutha iku ana ing lebak Bet-Rehob. Sawuse mangkono, kuthane banjur dibangun maneh lan dienggoni.