Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 19:26 - Kitab Sutji

26 Alamelekh, Amad lan Misal, sarta watese nyrempet ing gunung Karmel lan ing kali Libnat ing sisih kulon.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 19:26
15 Iomraidhean Croise  

Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa nglempakaken tiyang Israel sadaya wonten ing redi Karmel, ugi para nabining Baal ingkang cacahipun kawan atus seket punika saha para nabinipun Asyera ingkang cacahipun kawan atus punika, ingkang sami kaparingan tedha saking ing mejaning kratonipun Sang Prameswari Izebel.”


Sang Prabu Akhab tumuli utusan menyang ing sawewengkoning Israel kabeh kadhawuhan nglumpukake nabi-nabi iku menyang ing gunung Karmel.


Sang Prabu Akhab banjur tindak tuwin dhahar lan ngunjuk. Nanging Nabi Elia minggah ing pucaking gunung Karmel, banjur jengkeng ing lemah, pasuryane kaapit ing jengkune.


Saka ing kono Nabi Elisa banjur tindak menyang ing gunung Karmel lan saka ing kono wangsul menyang ing Samaria.


saka suku Asyer: Masal dalah pangonan-pangonane, Abdon dalah pangonan-pangonane,


Sirahmu kadi gunung Karmel, rambuting sirahmu wungu semu abang; sawijining ratu kecanthol ing klabangane.


Nagara susah lan aclum; Libanon kisinan lan ambruk mati; Saron wus kaya ara-ara, Basan lan Karmel padha brindhil.


bakal metu kembange akeh banget kaya kembang mawar, bakal surak-surak, bakal surak-surak lan sumyak-sumyak. Bakal kaparingan kamulyaning Libanon kaluhuraning Karmel lan Saron; bakal padha ndeleng kamulyaning Yehuwah, kaluhuraning Allah kita.


Sira wus nenacad Pangeran lumantar para baturira, sarta sira wus ngucap: Ingsun wus munggah ing papan-papan kang dhuwur ing pagunungan, kalawan kretaningsun kang akeh cacahe, menyang papan kang adoh dhewe ing gunung Libanon; ingsun wus negori wit-wite eres kang gedhe dhuwur, wit-wite beros kang pilihan; ingsun wus lumebu ing panggonan kang dhuwur kang ana ing poncot dhewe, menyang ing alase wit-witan kang ketel.


Demi Ingsun kang gesang, – mangkono pangandikane Sang Prabu kang asmane Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, – tekane bakal prasasat gunung Tabor kang munggul ing antarane gunung-gunung liyane, kaya gunung Karmel ing pinggiring sagara.


Maon, Karmel, Zif, Yuta,


Kang dadi dhaerahe yaiku: Helkat, Hali, Beten, Akhsaf,


Banjur menggok ngener pletheking srengenge menyang ing Bet-Dagon; nyrempet dhaerah Zebulon lan ing lebak Yiftah-El ing sisih lor, Bet-Emek lan Nehiel, lan ngener ing Kabul ing sisih lor.


Saka taler Asyer: Misal sapangonane, Abdon sapangonane,


Nabi Samuel wungu ing wayah bangun esuk sumedya manggihi Sang Prabu Saul, nanging Nabi Samuel diaturi pirsa mangkene: “Sang Prabu sampun tedhak dhateng Karmel kala wau lan sampun ngadegaken tugu pengetan kangge sariranipun; lajeng mengker tindak dhateng ing Gilgal.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan