24 Undhian kang kalima iku tumiba marang taler bani Asyer miturut gotrahe.
Anake Zilpa bature wadon Lea: Gad lan Asyer. Iku kabeh anake lanang Yakub kang kalairake ana ing Padan-Aram.
Sateruse Baana bin Husai ing Asyer lan ing Alot.
Adu wates karo wilayahe Dhan, saka ing tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Asyer.
Yaiku tanah-pusakane taler bani Isakhar miturut gotrahe, iya kutha-kutha mau karo desa-desane.
Kang dadi dhaerahe yaiku: Helkat, Hali, Beten, Akhsaf,
Taler Asyer ora nundhungi wong ing Ako, mangkono uga wong ing Sidon, ing Ahlab, ing Akhzib, Khelba, Afik, lan ing Rehob.
Wong Gilead padha ayem bae ana ing sabrange bengawan Yarden, dene taler Dhan, kena apa kok padha nunggoni prau-prau? Taler Asyer thenguk-thenguk ana ing pinggiring sagara, meneng bae ana ing teluk-teluke.