Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 19:18 - Kitab Sutji

18 Kang dadi tlatahe yaiku: Yizreel, Khesulot, Sunem,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 19:18
17 Iomraidhean Croise  

sarta dijumenengake dadi ratune tanah Gilead, wong Asyuri, Yizreel, Efraim lan Benyamin, malah ngereh salaladane Israel kabeh.


Mulane banjur padha ngupaya bocah wadon kang ayu ana ing satlatahe Israel kabeh, wasana kang katemu Abisag, prawan ing Sunem; iku nuli disowanake ing ngarsane Sang Prabu.


Unjuke Pangeran Adhonia: “Bab punika mugi panjenengan dalem karsaa ngandika dhateng Sang Prabu Suleman, amargi Sang Prabu tamtu boten badhe nduwa pamundhut dalem. Inggih punika supados Abisag, lare estri saking Sunem punika kaparingna dhateng kawula, dados semah kawula.”


Sang Putri ngandika: “Abisag, bocah wadon Sunem iku bok kaparingake marang kamasmu Adhonia, dadia bojone.”


Sawuse mangkono banjur ana lelakon mangkene: Nabot, wong Yizreel, duwe kebon anggur ana ing Yizreel, ing sandhinge kratone Sang Prabu Akhab, ratu ing Samaria.


Tumuli ngandika marang Gehazi, abdine: “Wong wadon ing Sunem iku konen mrene.” Wong wadon mau banjur ditimbali lan ngadeg ana ing ngarepe Gehazi.


Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak menyang ing desa Sunem. Ing kono ana wong wadon sugih kang ngaturi rawuh dhahar marang panjenengane. Lan kaping pira bae anggone tindak langkung ing kono, panjenengane mesthi mampir dhahar.


Nanging bareng Sang Prabu Yoram ditatoni dening wong Aram, banjur kondur menyang ing Yizreel, supaya tatune, kang marga saka panempuhe wong Aram ana ing Rama nalika perang nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram, iku dijampenana. Anadene Sang Prabu Ahazia, putrane Sang Prabu Yoram, ratu ing Yehuda banjur tindak martuwi marang Sang Prabu Yoram putrane Sang Prabu Akhab, marga iku nandhang gerah.


Nanging Sang Prabu Yoram piyambak wus kondur menyang ing Yizreel, supaya dijampenana anggone nandhang tatu awit saka panempuhe wong Aram sajrone perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram. – Sang Yehu ngandika: “Manawi panjenengan sampun sami sarujuk, sampun ngantos wonten tiyang ingkang oncat saking kitha lajeng suka sumerep bab punika dhateng Yizreel.”


Kacarita tindake Sang Prabu Yehu wus rawuh ing Yizreel. Bareng Sang Putri Izebel mireng bab iku, nuli celakan, mustakane direngga-rengga, banjur ngungak ing cendhela.


Yizreel, Yokdeam, Zanoah,


Bani Yusup banjur matur: “Tanah pareden punika boten badhe nyekapi tumrap kula, tuwin sadaya tiyang Kanaan ingkang manggen wonten ing papan-papan wradin ngriku sami gadhah kareta tosan, inggih ingkang wonten ing Bet-Sean saha kitha-kitha wewengkonipun, inggih ingkang wonten lebak Yizreel.”


Undhian kang kapat iku tumiba marang talere Isakhar, yaiku marang bani Isakhar miturut gotrahe.


Hafaraim, Sion, Anakharat,


Wong Filisti iku padha nglumpuk lan banjur mangkat nglurug lan ngedegake kemahe ana ing sacedhake Sunem. Dene Sang Prabu Saul ngerigake sakehe wong Israel, banjur padha ngedegake kemahe ana ing Gilboa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan