14 Watese banjur menggok ngubengi kutha iku ana ing salore Hanaton lan anjog ing lebak Yiftah-El.
Saka ing kono terus mangetan ngener pletheking srengenge, menyang ing Gat-Hefer, menyang ing Et-Kazim, ngener ing Rimon lan mlengkung menyang ing Nea.
Banjur Katat, Nahalal, Simron, Yidala lan Betlehem; kutha rolas karo desa-desane.
Banjur menggok ngener pletheking srengenge menyang ing Bet-Dagon; nyrempet dhaerah Zebulon lan ing lebak Yiftah-El ing sisih lor, Bet-Emek lan Nehiel, lan ngener ing Kabul ing sisih lor.