13 Saka ing kono terus mangetan ngener pletheking srengenge, menyang ing Gat-Hefer, menyang ing Et-Kazim, ngener ing Rimon lan mlengkung menyang ing Nea.
Panjenengane mangsulake wilayah Israel, wiwit dalan kang lumebu menyang Hamat, nganti tekan ing sagara Araba, cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang wus kaparingake lumantar Nabi Yunus bin Amitai saka ing Gat-Hefer.
Saka ing Sarid watese mau menggok mangetan ngener pletheking srengenge, ngliwati dhaerah Khislot-Tabor, ngener ing Dobrat, nuli munggah menyang ing Yafia.