Baana bin Ahilud ngwasani Taanakh, Megido lan sawewengkone Bet-Sean kabeh, kang dumunung ing sacedhake Sartan sangisore Yizreel, wiwit ing Bet-Sean nganti tekan ing Abel-Mehola tumeka ing sisih kanane Yokmeam.
Saka ing Sarid watese mau menggok mangetan ngener pletheking srengenge, ngliwati dhaerah Khislot-Tabor, ngener ing Dobrat, nuli munggah menyang ing Yafia.