Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 19:10 - Kitab Sutji

10 Undhian kang katelu iku tumiba marang bani Zebulon miturut gotrahe; watesing tanah-pusakane iku tutug ing Sarid.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 19:10
8 Iomraidhean Croise  

Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.


Zebulon bakal manggon ana ing pinggir sagara, bakal dadi pelabuhaning prau, tapel watese ing tlatahe Sidon.


Adu wates karo wilayahe Isakhar, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Zebulon.


Talere Benyamin iku katiban undhi miturut gotrahe, dene tlatahing panduman kang diundhekake iku prenahe ana ing antarane bani Yehuda lan bani Yusup.


Kowe padha nyathetana kaanane nagara iku dadi pitung panduman, cathetane iku banjur gawanen mrene, nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing kene ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.


Watese banjur mangulon munggah menyang ing Marala, nyrempet ing Dabeset, lan nuli nyrempet kali kang mili ngliwati Yokneam.


Tanah-pusakane bani Simeon iku kajupuk saka pandumane bani Yehuda, amarga tanah-pusakane bani Yehuda kakehan, mulane bani Simeon padha oleh tanah-pusaka ana ing satengahe tanah-pusakane Yehuda.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan