YUSAK 18:9 - Kitab Sutji9 Wong-wong mau nuli padha mangkat ndlajahi nagara iku, lan nyatheti kaanane dadi pitung panduman, kutha siji lan sijine kamot ing daftar, banjur padha bali menyang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Silo. Faic an caibideil |
Wong mau tumuli padha tata-tata lan banjur mangkat. Lungane mau kambi nyatheti kaanane nagara iku kaya sapiwelinge Senapati Yusak, kang mangkene: “Padha mangkata, nagara iku dlajahana lan cathetana kaanane, banjur padha balia mrene nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Silo kene.”