YUSAK 18:8 - Kitab Sutji8 Wong mau tumuli padha tata-tata lan banjur mangkat. Lungane mau kambi nyatheti kaanane nagara iku kaya sapiwelinge Senapati Yusak, kang mangkene: “Padha mangkata, nagara iku dlajahana lan cathetana kaanane, banjur padha balia mrene nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Silo kene.” Faic an caibideil |
Sang Prabu Saul banjur matur mangkene: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, kenging punapa Paduka boten karsa paring wangsulan dhumateng abdi Paduka ing dinten punika? Manawi kalepatan punika dumunung wonten ing kawula utawi anak kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka tedahna Urim punika, nanging manawi kalepatan punika dumunung wonten ing umat Paduka Israel, Paduka tedahna Tumim.” Nuli kang katuding Pangeran Yonatan lan Sang Prabu Saul, nanging wong akeh temah bebas.