YUSAK 18:7 - Kitab Sutji7 Sabab wong Lewi padha ora oleh panduman ana ing tengahmu, amarga kalungguhane dadi imame Sang Yehuwah kang dadi pusakane sarta mungguh Gad lan Ruben apadene separone taler Manasye iku wus padha nampani tanah-pusaka ana ing sabrange bengawan Yarden ing sisih wetan, kang diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah.” Faic an caibideil |
nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”