4 Padha ngajokna wong telu saka saben taler, iku bakal padha dakdhawuhi siyaga arep dakutus ndlajahi nagara iku, sarta nyatheti kaanane miturut pandumane, banjur bali mrene.
“Sira nglakokna wong sawatara kang nelik marang tanah Kanaan, kang bakal Sunparingake marang wong Israel; saben talering leluhure kapiliha wong siji, padha panunggalane para pemimpin.”
Senapati Yusak banjur ngandika marang Banisrael: “Pira lawase anggonmu padha ngenak-enak lan ora tumandang ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahe leluhurmu?
Kowe padha nyathetana kaanane nagara iku dadi pitung panduman, cathetane iku banjur gawanen mrene, nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing kene ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.
Wong-wong mau nuli padha mangkat ndlajahi nagara iku, lan nyatheti kaanane dadi pitung panduman, kutha siji lan sijine kamot ing daftar, banjur padha bali menyang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Silo.