Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 18:3 - Kitab Sutji

3 Senapati Yusak banjur ngandika marang Banisrael: “Pira lawase anggonmu padha ngenak-enak lan ora tumandang ngejegi nagara peparinge Sang Yehuwah, Gusti Allahe leluhurmu?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 18:3
15 Iomraidhean Croise  

Tangan kang kendho marakake mlarat, nanging tangane wong sregep iku ndadekake sugih.


Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna, balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.


Dalane wong kesed iku kayadene pager eri, nanging dalane wong jujur iku rata.


Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


Ing dina iku bakal ana ucap-ucapan kang tumuju marang Yerusalem: “He Sion, aja wedi! Tanganmu aja nganti kendho.


Watara jam lima sore iya metu maneh sarta weruh maneh wong-wong kang padha nganggur, banjur padha ditakoni: Yagene kowe padha nganggur bae ana ing kene sadina muput?


Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang para leluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.


Bareng Senapati Yusak wus sepuh, wus akeh yuswane, banjur dipangandikani Sang Yehuwah: “Sira wus tuwa, wus akeh umurira, sarta nagara kang durung sira ebeki iku isih akeh banget.


Ing nalika samana ing antarane Banisrael isih ana pitung taler kang durung oleh panduman tanah-pusaka.


Padha ngajokna wong telu saka saben taler, iku bakal padha dakdhawuhi siyaga arep dakutus ndlajahi nagara iku, sarta nyatheti kaanane miturut pandumane, banjur bali mrene.


Wangsulane: “Padha samektaa, payo padha mangsah nglurug mrana, amarga aku wus padha ndeleng nagara iku, pancen apik banget. Genea kowe padha meneng bae? Aja padha aras-arasen nglurug ngejegi lan ngebeki nagara iku!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan