YUSAK 18:28 - Kitab Sutji28 Zela, Elef lan Yebus, yaiku Yerusalem, Gibeat lan Kiryat; kutha patbelas karo desa-desane. Iku mau tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrah-gotrahe. Faic an caibideil |
Sang Prabu Dawud kadherekake para wadyabalane nglurug menyang Yerusalem, nempuh wong Yebus, kang ngenggoni nagara kono. Wong iku padha nguwuh marang Prabu Dawud: “Kowe mangsa bisaa mrene, wong wuta lan wong pincang bakal mbalekake kowe.” Karepe wong iku: Sang Prabu Dawud ora bakal bisa mlebet mrono.
banjur mangulon, lan ngener ing sendhang Me-Neftoah. Watese iku tumuli medhun tutug ing pungkasane pagunungan kang ana ing ngarepe Lebak Ben-Hinom, ing salore lebake wong Refaim, banjur mudhun menyang Lebak Hinom, ing saurute ereng-erenging gunung Yebus, mangidul, banjur mudhun maneh menyang ing sendhang En-Rogel.