Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 18:26 - Kitab Sutji

26 Mizpa, Kefira, Moza,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 18:26
15 Iomraidhean Croise  

Putrane Sang Prabu Saul kagungan tetindhihing grombolan loro, kang siji jenenge Baana lan sijine Rekhab, sakarone anake Rimon, wong Benyamin saka ing Beerot. Amarga Beerot iku uga kaetung klebu tlatah Benyamin.


Nanging Sang Prabu Asa tumuli ngering wong satanah Yehuda kabeh, ora ana kang ora katut. Iku padha didhawuhi ngangkati watu lan kayu kang diagem Sang Prabu Baesa kanggo nyantosani Rama. Sang Prabu Asa ngagem iku kabeh kanggo nyantosani Geba-Benyamin lan Mizpa.


Bareng para panggedhening wadya-bala padha mireng, manawa Sang Nata ing Babil wus misuda Sang Gedalya, banjur padha murugi Sang Gedalya, menyang ing Mizpa, yaiku Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, saka ing Netofa, lan Sang Yaasanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake dening wadya-balane.


saka ing Kiryat-Arim, Kefira lan Beerot: pitung atus patang puluh telu;


Nabi Yeremia dadine banjur tindak menyang ing daleme Sang Gedalya bin Ahikam ing Mizpa, lan manggen nunggil karo panjenengane ana ing satengahe rakyat, kang isih kari ana ing nagara kono.


yaiku para ratune wong Kanaan ing sisih wetan lan ing sisih kulon, wong Amori, wong Het, wong Feris, wong Yebus kang ana ing pagunungan, apadene marang bangsa Hewi, apadene wong ing sikile gunung Hermon ing tanah Mizpa.


Gibeon, Rama, Beerot,


Rekem, Yirpeel, Tarala,


Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.


Wasana wong bani Amon padha kaklumpukake lan padha makuwon ana ing Gilead, dene wong Israel padha nglumpuk lan makuwon ana ing Mizpa.


Sarawuhe Sang Yefta ana ing Mizpa nyelaki daleme, putrane putri medal methukake klawan tetrebangan lan beksa. Dene putrane iku ontang-anting; ora ana maneh putrane kang liya kakung utawa putri.


Tumuli wong Israel kabeh padha metu ngumpul seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ing Mizpa, lan sabiyantu padha nglumpuk wiwit saka ing Dhan nganti tutug ing Bersyeba, lan uga saka ing tanah Gilead.


Saben taun panjenengane tindak mider-mider menyang Betel, Gilgal lan Mizpa sarta ngereh wong Israel ana ing sakehe panggonan kono iku.


Nabi Samuel banjur ngandika: “Wong Israel padha kumpulna kabeh ana ing Mizpa; dene aku bakal ndongakake kowe marang Sang Yehuwah.”


Bareng wis padha ngumpul ana ing Mizpa, banjur padha nyidhuki banyu lan disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Apadene padha puwasa lan matur ana ing kono: “Kula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Sang Yehuwah.” Lan Nabi Samuel banjur ngakimi wong Israel ana ing Mizpa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan