Putrane Sang Prabu Saul kagungan tetindhihing grombolan loro, kang siji jenenge Baana lan sijine Rekhab, sakarone anake Rimon, wong Benyamin saka ing Beerot. Amarga Beerot iku uga kaetung klebu tlatah Benyamin.
Sang Prabu Baesa ratu ing Israel mangsah perang menyang ing Yehuda lan banjur nyantosani Rama, kanggo nyegah wong lelungan menyang ing wewengkone Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda.
Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh: “Geba iku papan panginepan kita!” Kang manggon ing Rama padha gumeter, kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu.
Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim, tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon, sarta bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku; lan bakal nindakake pakaryane – aneh pakaryane iku!
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Rongokna! Ing Rama keprungu swaraning tangis, tangis kang ngeres-eresi. Rakhel nangisi anak-anake, lumuh linipur jalaran saka anak-anake, amarga wus padha ora ana maneh.
temah wong padha wedi banget, amarga Gibeon iku kutha kang gedhe, kaya salah sawijining kutha karajan, malah luwih gedhe katimbang kutha Ai, sarta wong kabeh padha prawira.
Wates iku nuli mbalik menyang ing Rama lan tutug ing kutha beteng tirus, watese banjur mbalik maneh menyang Hosa, lan anjog ing segara; apadene Mahalab, Akhzib,
Bareng gotrah-gotrahe Yehuda padha ditimbali maju, gotrahe Zerah kang tinemu. Gotrahe Zerah mau bareng ditimbali maju miturut kulawarga, kulawargane Zabdi kang tinemu.
Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.
Nanging bendarane mangsuli: “Aku ora bakal padha mampir ing kuthane wong ngamanca, kang dudu wewengkone wong Israel, becik aku padha mbacutake laku nganti tekan ing kutha Gibea.”
Banjur kandha maneh marang bature: “Ayo padha mbacutake laku nganti tutug ing salah sawijining panggonan kana, padha nginep ana ing Gibea utawa ing Rama.”
Esuke wayah umun-umun padha tangi nuli sujud manembah ana ing ngarsane Sang Yehuwah, wasana banjur padha bali mulih menyang ing Rama. Nalika Elkana nunggal turu karo Hana, bojone, diengeti dening Sang Yehuwah.