Sang Prabu Abia nuli jumeneng ana ing sadhuwure gunung Zemaraim, kang kegolong pagunungan Efraim, lan ngandika: “Padha ngrungokna ing pituturku, he Yerobeam lan sakehe wong Israel!
Saka ing kono watese terus menyang ing Lus, mangidul, ngener ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Lus, yaiku ing Betel; nuli watese medhun menyang ing Atarot-Adar ing pagunungan kang ana ing sakidule Bet-Horon ing lebak,