20 Dene bengawan Yarden iku kang dadi watese ing sisih wetan, yaiku kang dadi tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrahe kalawan wates-watese mubeng.
Watese nuli terus metu ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Bet-Hogla mengalor, sarta anjog ing teluke Sagara-Asin kang sisih lor, ing sungapane bengawan Yarden ing sisih kidul, iku watese kang kidul.