Tumuli nekuk mangalor ngener ing En-Semes, banjur menyang ing Gelilot, ing sisih kanane unggah-unggahan ing Adumim, nuli medhun menyang ing watu Bohan bin Ruben,
Watese nuli terus metu ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Bet-Hogla mengalor, sarta anjog ing teluke Sagara-Asin kang sisih lor, ing sungapane bengawan Yarden ing sisih kidul, iku watese kang kidul.