Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 18:16 - Kitab Sutji

16 banjur mangulon, lan ngener ing sendhang Me-Neftoah. Watese iku tumuli medhun tutug ing pungkasane pagunungan kang ana ing ngarepe Lebak Ben-Hinom, ing salore lebake wong Refaim, banjur mudhun menyang Lebak Hinom, ing saurute ereng-erenging gunung Yebus, mangidul, banjur mudhun maneh menyang ing sendhang En-Rogel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 18:16
19 Iomraidhean Croise  

Anadene Yonatan lan Ahimaas ngenteni ana ing En-Rogel lan saben-saben ana abdi wadon kang teka aweh warta, iku banjur padha diaturake marang Sang Prabu Dawud, mulane mangkono, amarga aja nganti konangan, yen mlebu kutha.


Nalika wong Filisti padha nekani lan pating prenca ana ing lebak Refaim,


Sawuse mangkono Pangeran Adhonia banjur ngunjukake wedhus gembel, sapi lan kewan lemon minangka kurban ana ing sacedhake watu Zohelet kang kaprenah ing sandhinge En-Rogel, nuli ngulemi sakehing sadhereke, para putrane Sang Prabu lan sakehing wong Yehuda, punggawane Sang Prabu,


Sang Nata uga najisake Tofet kang ana ing lebak Ben-Hinom, supaya aja nganti ana maneh wong kang misungsungake anak-anake kadadekake kurban ing geni kanggo dewa Molokh.


Nalika wong Filisti padha teka lan nempuh lebak Refaim,


Sang Prabu uga mbesmi kurban ana ing Lebak Ben-Hinom lan mbesmi para putrane minangka kurban, cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus katundhungan dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.


Malah para putrane padha kapasrahake minangka kurban ing geni ana ing Lebak Ben-Hinom; panjenengane oleh ngelmu weca, ngelmu pethek lan ngelmu sikir, sesrawungan karo para prewangan tuwin para tukang ngundang roh kang memeca. Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah akeh banget, temah damel gerahing panggalihe.


Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen – iku rak kanggo raja – dhasare kagawe jero lan amba, pancakane kebak geni lan kayu; napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang.


Wong iku nuli padha sira dhawuhana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: Ingsun bakal ngepruk bangsa lan kutha iki kayadene pangepruke kundhi marang grabahe, temah ora bisa didandani maneh. Tofet bakal dadi kuburan, amarga wus ora ana panggonan liyane maneh kanggo ngubur.


nuli mangkata menyang ing Lebak Ben-Hinom, kang ana ing ngarepe gapura Beling! Ana ing kana sira warak-warakna tembung-tembung kang bakal Sunlairake marang sira!


Mulane lah bakal teka wektune – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, – panggonan iki ora karan Tofet utawa Lebak Ben-Hinom maneh, nanging Lebak Panyembelehan.


Padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo nyembah marang Baal ana ing Lebak Ben-Hinom, sarana ngobong anak-anake lanang lan wadon minangka kurban marang Molokh, kadadekake kurban ing geni, sanadyan Ingsun ora tau ndhawuhake lan babar pisan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun, yaiku bab nindakake kanisthan iki, temah Yehuda tumiba ing dosa.


Nanging wong Yebus kang padha manggon ing Yerusalem ora bisa padha katundhung, dadine wong Yebus mau padha manggon awor karo bani Yehuda ana ing Yerusalem nganti saprene.


Zela, Elef lan Yebus, yaiku Yerusalem, Gibeat lan Kiryat; kutha patbelas karo desa-desane. Iku mau tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrah-gotrahe.


Nanging wong Yebus, kang manggon ana ing Yerusalem ora ditundhung dening bani Benyamin, dadine wong Yebus iku isih padha manggon awor karo bani Benyamin ana ing Yerusalem nganti saprene.


Sawuse iku bani Yehuda banjur perang nglawan Yerusalem, nganti bedhah, kutha iku banjur ditumpes klawan landheping pedhang lan dilebur klawan geni.


Nanging wonge ora gelem nginep, malah tumuli tata-tata lan banjur mangkat. Lakune tekan ing ngarepe Yebus – yaiku Yerusalem – dalasan kuldine loro kang wis abah-abahan lan selire uga melu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan