Saka ing pucake gunung mau watese mlengkung menyang ing sendhang Me-Neftoakh lan banjur tutug ing kutha-kuthane pagunungan Efron, saka ing kono mlengkung menyang ing Baala, iya iku ing Kiryat-Yearim.
watese mau banjur mlengkung, nuli menggok saka ing pagunungan ing sisih kanane Bet-Horon ing sisih kidul banjur menggok ngidul ngulon anjog ing Kiryat-Baal, yaiku ing Kiryat-Yearim, kutha darbeke bani Yehuda. Iku kang sisih kulon.
Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.