YUSAK 18:13 - Kitab Sutji13 Saka ing kono watese terus menyang ing Lus, mangidul, ngener ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Lus, yaiku ing Betel; nuli watese medhun menyang ing Atarot-Adar ing pagunungan kang ana ing sakidule Bet-Horon ing lebak, Faic an caibideil |
Nalika padha keplayu ana ing ngarepe wong Israel, lagi ana ing ngereng-erenge Bet-Horon, padha diudani watu gedhe-gedhe saka langit dening Sang Yehuwah, nganti tumeka ing Azeka, wekasan padha tiwas. Kang mati ketiban watu iku luwih akeh katimbang karo kang padha dipateni wong Israel kalawan pedhang.